BECIK DIWURUNGAKE
Salumrahe yen manungsa
nduweni rasa tresna. Aku ora beda karo liyane, aku nresnani bocah bagus sing
biyen merjuangake tresna iki. Telung taun kepungkur aku bisa nyawang slirane
saben dinane. Nanging saiki slirane mbeda ati. Ora daknyana slirane nyidrani
janji sing biyen gawe bombonge tresnaku. Slirane sing dak percaya yen bakal
bisa nyangga ati iki sapungkure bapak surud ing kaseban jati. Jebul slirane
gawe cidrane ati iki. Ora ana sing bisa dakperjuangake maneh, daya apa yen
slirane tresna marang liyan. Slirane ilang saka netraku, nanging isih ana jero
ati iki. Mung ana rasa perih sing kaya ngiris ati, mung ana rasa lara kang ora
ana tambane.
Nalika bledheg sumamber
lan langit katon surem, aku isih ana parkiran kampus. Aku tansah kelingan priya
bagus sing ndandani sepedhan onthelku ing panggonan iki. Ora sranta bukuku ucul
saka cekelane tanganku. Ragaku lemes tanpa daya, eluhku tumetes ing pipi, atiku
njerit nanging tanpa swara. Dumadakan Arya nyedaki aku lan menehi kacu ijo.
“ Eluhmu larang gawe nangisi crita kang murahan.”
pangucape marang aku.
“Apa...” wangsulanku
cendhak.
“Rungokna aku cah ayu, kok tangisana nganti eluhmu
kaya tirta segara, ra bakal bisa mbalekake prastawa endah sliramu lan slirane.”
Arya ngusap eluhku nganggo kacu ijo sing ana cekelanku.
“Aja cilik atimu , akeh priya bagus lair lan
batine ing donya iki, ora mung siji, sliramu
ora pantes nangis, aja nyiksa batinmu ya cah ayu.” pangucape sinambi nyekel
tanganku.
Bener apa
kandhane,daktangisana ora ana gunane. Embuh piye caraku, aku pengen ngilangake
rasa perih ing dhadha lan rasa tresna kang katinggal ing ati. Pancen ora
gampang ngilangi susup bogor kang nusuk kulit, nanging aku percaya ana cara
liya supaya mari saka rasa lara iki. Aku tansah ngugemi pituture Arya.
***
Rolas (12) wulan kepungkur aku ngerteni kaya apa
sing arane lara ati lan rasa trenyuh sing kaya-kaya medhotake pangarepku.
Nanging saiki wis beda, rasa trenyuh iku wis ilang, amargo aku nandur tresna
marang kancaku, kanca sing saben dinane menehi pitutur supaya aku tetep ngadeg
jejeg masiya ombak lan angin nyaput awakku. Pituture tansah dakugemi, ora mung
krasa endah ing rungonku nanging uga endah ing netraku. Arya, priya bagus kang
dadi pepujaning ati, sayasuwe saya dakrasa yen slirane uga nduweni rasa kang
padha karo atiku. Nanging rasa tresna iki ora salumrahe, aku meksa nuwuhake
tresna ku marang Arya, masiya aku ngerti slirane wis nduweni kenya ayu kang
dadi kembang ing atine. Rina lan wengi Arya tansah sumliwer ing sakedheping
netraku. Nanging angin wengi nggawa hawa adhem kang gawe ciyuting pangarepku.
***
Nalika soroting srengenge ngenani rambutku lan
sumilire angin ngaras awakku, aku lungguh ing kursi wesi ngarep laboratorium
kimia. Daksawang kupu pating sliwer ing saubenge kembang, aku banjur mesem
sinambi gumunem dhewe.
“Endah wernamu sekar melathi, werna lan arummu
ngundhang rasa marem ing ati. Nanging aku ora bisa kaya sekar melathi kang
nggudha ati.” pangucapku sinambi nali rambutku.
“Sliramu pancen dudu sekar melathi, nanging
sliramu bisa ngguda atiku.” dumadakan
Arya lungguh ing sandhingku.
“Iku jare sapa Ar...?”
“Risma rungokna tembang
iki......ehem.......Upama sliramu sekar
melathi, aku kumbang nyidham sari...Upama slirmu margi wong manis aku kang
bakal ngliwati.....” arya nembang sinambi nggenjreng gitare.
“Apa sejatine tembang iki Ar..?”
“Iki sing diarani tembang tresna, muga sliramu
ngerti karepku.” pangucape sinambi mlaku ninggalne aku.
Rasa seneng tan kinira kebak ing jero dhadha, hawa
angete srengenge ngrangkul atiku. Swara alus iku gawe bombonge tresnaku marang
slirane. Masiyo amung sedhela anggone nembang, iku dadi prastawa endah kang ora
kena dibaleni. Rasa marem iki daksimpen ing ati. Aku banjur bali menyang
kos-kosan sinambi nggawa crita endah.
***
Sabubare sholat isyak aku lungguh ing sandhinge
jendhela. Dakringkes prastawa endahku karo Arya. Nanging ana rasa kang ngganjel
ing atiku, krasa sesek ing dhadhaku. Angin sumilir naleni atiku. Aku krasa
salah wis nresnani priya sing bisa diarani ora dhewe maneh. Dumadakan atiku
krasa trenyuh, kelingan rasa trenyuh tan kinira nalika wong sing daktresnani, nresnani
kenya liya. Aku ora kepengin yen aliya, geganthilan atine Arya ngrasakne apa
sing dakrasakne biyen. Eluhku tumetes ing pipi, senajan aku banget tresna marang
Arya, nanging aku ora kepengin yen ana kenya liya sing kasiksa batine amarga
rasa tresnaku iki. “Apa iki sing diarani
tresna..?”, krasa endah ing kawiwitan, nanging krasa lara ing pungkasan.
Dakunggah udhune pikiranku nganti krasa entek eluhku lan krasa garing getihku.
Aku sadar, aku ora kena nuwuhake katresnan sakarepe dhewe, kayadene nandur
kacang ing sawah sing kebak tanduran pari. Daktulis jajiku ing selembar kertas,
yen wiwit wengi ki aku bakal nyoba ngilangake rasa tresna iki, kertas dak gawe
pesawat-pesawatan banjur dakiberne saka tingkat loro(2) omahe ibu kosku. Tresna
pancen ra kudu duweni, kanggoku wong
wadon sejati iki wong wadon sing bisa ngerti arah lan panggonan. Ngrusak
katresnane wong liya iku dudu kekarepanku. Pangarep kang ala iki luwih becik
diwurungake.
*
CHUTHEL *
Biografi :
nama :
Mega Nur Azila
no.abs :
09
Pendidikan
: SMA N 1 BALONG
kelas : XII IPA 3
email : meganazila@gmail.com