Kamis, 27 Oktober 2016



BECIK DIWURUNGAKE


            Salumrahe yen manungsa nduweni rasa tresna. Aku ora beda karo liyane, aku nresnani bocah bagus sing biyen merjuangake tresna iki. Telung taun kepungkur aku bisa nyawang slirane saben dinane. Nanging saiki slirane mbeda ati. Ora daknyana slirane nyidrani janji sing biyen gawe bombonge tresnaku. Slirane sing dak percaya yen bakal bisa nyangga ati iki sapungkure bapak surud ing kaseban jati. Jebul slirane gawe cidrane ati iki. Ora ana sing bisa dakperjuangake maneh, daya apa yen slirane tresna marang liyan. Slirane ilang saka netraku, nanging isih ana jero ati iki. Mung ana rasa perih sing kaya ngiris ati, mung ana rasa lara kang ora ana tambane.
           
            Nalika bledheg sumamber lan langit katon surem, aku isih ana parkiran kampus. Aku tansah kelingan priya bagus sing ndandani sepedhan onthelku ing panggonan iki. Ora sranta bukuku ucul saka cekelane tanganku. Ragaku lemes tanpa daya, eluhku tumetes ing pipi, atiku njerit nanging tanpa swara. Dumadakan Arya nyedaki  aku lan menehi kacu ijo.

“ Eluhmu larang gawe nangisi crita kang murahan.” pangucape marang aku.
            “Apa...” wangsulanku cendhak.
“Rungokna aku cah ayu, kok tangisana nganti eluhmu kaya tirta segara, ra bakal bisa mbalekake prastawa endah sliramu lan slirane.” Arya ngusap eluhku nganggo kacu ijo sing ana cekelanku.
“Aja cilik atimu , akeh priya bagus lair lan batine ing donya iki, ora mung siji,  sliramu ora pantes nangis, aja nyiksa batinmu ya cah ayu.” pangucape sinambi nyekel tanganku.

 Bener apa kandhane,daktangisana ora ana gunane. Embuh piye caraku, aku pengen ngilangake rasa perih ing dhadha lan rasa tresna kang katinggal ing ati. Pancen ora gampang ngilangi susup bogor kang nusuk kulit, nanging aku percaya ana cara liya supaya mari saka rasa lara iki. Aku tansah ngugemi pituture Arya.

                                                ***

Rolas (12) wulan kepungkur aku ngerteni kaya apa sing arane lara ati lan rasa trenyuh sing kaya-kaya medhotake pangarepku. Nanging saiki wis beda, rasa trenyuh iku wis ilang, amargo aku nandur tresna marang kancaku, kanca sing saben dinane menehi pitutur supaya aku tetep ngadeg jejeg masiya ombak lan angin nyaput awakku. Pituture tansah dakugemi, ora mung krasa endah ing rungonku nanging uga endah ing netraku. Arya, priya bagus kang dadi pepujaning ati, sayasuwe saya dakrasa yen slirane uga nduweni rasa kang padha karo atiku. Nanging rasa tresna iki ora salumrahe, aku meksa nuwuhake tresna ku marang Arya, masiya aku ngerti slirane wis nduweni kenya ayu kang dadi kembang ing atine. Rina lan wengi Arya tansah sumliwer ing sakedheping netraku. Nanging angin wengi nggawa hawa adhem kang gawe ciyuting pangarepku.

                                                ***

Nalika soroting srengenge ngenani rambutku lan sumilire angin ngaras awakku, aku lungguh ing kursi wesi ngarep laboratorium kimia. Daksawang kupu pating sliwer ing saubenge kembang, aku banjur mesem sinambi gumunem dhewe.

“Endah wernamu sekar melathi, werna lan arummu ngundhang rasa marem ing ati. Nanging aku ora bisa kaya sekar melathi kang nggudha ati.” pangucapku sinambi nali rambutku.
“Sliramu pancen dudu sekar melathi, nanging sliramu bisa ngguda atiku.” dumadakan  Arya lungguh ing sandhingku.
“Iku jare sapa Ar...?”
“Risma rungokna tembang iki......ehem.......Upama  sliramu sekar melathi, aku kumbang nyidham sari...Upama slirmu margi wong manis aku kang bakal ngliwati.....” arya nembang sinambi nggenjreng gitare.
“Apa sejatine tembang iki Ar..?”
“Iki sing diarani tembang tresna, muga sliramu ngerti karepku.” pangucape sinambi mlaku ninggalne aku.

Rasa seneng tan kinira kebak ing jero dhadha, hawa angete srengenge ngrangkul atiku. Swara alus iku gawe bombonge tresnaku marang slirane. Masiyo amung sedhela anggone nembang, iku dadi prastawa endah kang ora kena dibaleni. Rasa marem iki daksimpen ing ati. Aku banjur bali menyang kos-kosan sinambi nggawa crita endah.

                                                ***
Sabubare sholat isyak aku lungguh ing sandhinge jendhela. Dakringkes prastawa endahku karo Arya. Nanging ana rasa kang ngganjel ing atiku, krasa sesek ing dhadhaku. Angin sumilir naleni atiku. Aku krasa salah wis nresnani priya sing bisa diarani ora dhewe maneh. Dumadakan atiku krasa trenyuh, kelingan rasa trenyuh tan kinira nalika wong sing daktresnani, nresnani kenya liya. Aku ora kepengin yen aliya, geganthilan atine Arya ngrasakne apa sing dakrasakne biyen. Eluhku tumetes ing pipi, senajan aku banget tresna marang Arya, nanging aku ora kepengin yen ana kenya liya sing kasiksa batine amarga rasa tresnaku iki.  “Apa iki sing diarani tresna..?”, krasa endah ing kawiwitan, nanging krasa lara ing pungkasan. Dakunggah udhune pikiranku nganti krasa entek eluhku lan krasa garing getihku. Aku sadar, aku ora kena nuwuhake katresnan sakarepe dhewe, kayadene nandur kacang ing sawah sing kebak tanduran pari. Daktulis jajiku ing selembar kertas, yen wiwit wengi ki aku bakal nyoba ngilangake rasa tresna iki, kertas dak gawe pesawat-pesawatan banjur dakiberne saka tingkat loro(2) omahe ibu kosku. Tresna pancen ra kudu duweni,  kanggoku wong wadon sejati iki wong wadon sing bisa ngerti arah lan panggonan. Ngrusak katresnane wong liya iku dudu kekarepanku. Pangarep kang ala iki luwih becik diwurungake.


                                    * CHUTHEL *
                      
  Biografi :
nama             : Mega Nur Azila
no.abs           : 09
Pendidikan  : SMA N 1 BALONG
kelas               : XII IPA 3
email             : meganazila@gmail.com